Jumat, 07 November 2008

yoboseyo

Yoboseyo ( kuwi boso korea artine halo)

Ngrasa durung pati isa nulis nganggo basa luar sing enak, ore njajal nulis nganggo basaku dewe. Basa jawa, jebule yo ora gampang gawe tulisan nganggo basa sing jarang ditemoni tulisane.

Rada aneh wong jawa gak iso nulis jawa. Percoyo wae akeh wong seng iso basa jawa tapi kangelan pas dikon gawe tulisan nganggo basa jawa, opo maneh nganggo aksara jawa, wes meh langka. Contone wae koyo ore alias ingsun, malah pas ingsun njajal gawe tulisan iki, ingsun rada kangelan mbedakna huruf "o" karo huruf "a". so'ale ora biasa 'opo ora bioso', seng bener legawa 'apa legowo'? (bingung yo, wes ah, karepku sing penting keno diwaca 'opo diwoco', halah ikki neh). Saben dinane ingsun ngomong nganggo jawa tapi jarang-jarang banget ingsun nemoni tulisan seng nganggo basa kuwi. Rata-rata yo boso indonesia mergo meh kabeh koran, majalah, radio, tipi seng di enggo yo boso nasional, sak ngertiku mung Jtv sing kadang ana brita basa jawa. Ana sing alus yo ana sing ngoko.

Anggepane wong-wong menawa wae basa jawa gak perlu di uri-uri utawa di jogo yo gak bakalan ilang mergo wes di enggo saben dina. Pancen iyo, tapi opo yo koyo mengkono? Buktine ingsun sing awit cilik wes nganggo basa jawa isih rada kangelan mencolot saka ngoko marang basa alus nuli basa krama. Sing ono morat-marit campur-campur gak ngerti kaya apa kanggone, malah nek wes kebentel campur sisan nganggo basa indonesia (jarene biyar aman). Lha tros piye nasibe bosone awake dhewe, iso iso bosone dewe dadi bahasa asing?

Mulane para sedulur blogger seng ngaku wong jowo, skali-kali njajal gawe tulisan nganggo basa daerah, nek basa inggris wes akeh tunggale.
Siap nrimo tantangan ?

Sepurane lamun ana tulisan seng rapati nggenah, salam bahasa !.

Nb: selesai nulis kepala rasanya penuh dengan huruf o, ako jado pusong #_#

1 komentar: